Postingan

Menampilkan postingan dari 2017

Wedi Ulangan

Cerkak 25: Amarga Wedi Ulangan (RZA/82515614/2017) Dina Senin kepungkur, Bagas ora mlebu sekolah. Kabeh kancane Bagas, termasuk Beni sing omahe cidek karo Bagas ora ngerti alasane Bagas ora mlebu. Padahal dina iki ana ulangan matematika. Nganti moleh sekolah, ora ana surate Bagas ing pos satpam. Akhire Beni mutusake sowan ing omahe Bagas. Beni wes teka ing ngarep omahe Bagas. Dheweke ngucapake salam lan nyeluk-nyeluk Bagas. Akhire Bagas mbukakne lawang. Bagas kaget ana apa Beni kok sowan ing omahe. Beni langsung wae takok kenaapa Bagas ora mlebu. Bagas njawab, “Ben, aku durung sinau kanggo ulangan matematika. Merga iku aku ora mlebu. Wedi bijiku elek. Apa maneh buku catetanku ilang.” Beni lansung njawab alasane Bagas ora mlebu.  “Kan minggu wingi wes dikandani karo Bu Siti yen dina iki ana ulangan.”  “Aku ora nggatekake Bu Siti wektu iku,” jawabe Bagas.  Beni langsung kaget krungu jawabane Bagas. “Liya dina kowe kudu nggatekno yen ana wong ngendikan ing ngarep. Apa maneh yen ana

Ardi lan Adi, sing manut, ya...!

Cerkak 23: Bocah Enom (NTR/82315600/2017) Angin sore sumilir ing kene, bocah-bocah padha dulinan sawise mulih sekolah. Ana arek jenenge Ardi. Ardi yen dulinan ora gelem leren. Ardi nduweni kanca sing jenenge Pali, areke manut karo wong tuwane, ora kaya Ardi. Ardi duwe ibu sing ayu lan sabar. Nasibe Pali bedo karo Ardi, Pali ora duwe igu. Ibuke Pali sampun seda. Sawijining dina Ardi wes rampung, mek Ardi ora langsung mulih nanging malah dolen langsung. Ibuke Ardi banjur nggoleki nang sekolahe, nanging ora ana. Ibuke Ardi takon nang Pali.  “Pal, kowe ero Ardi apa  gak?” takon ibuke Ardi.  “Mboten ngertos, Bu,” jawabe Pali.  Ibuke Ardi mulih lan ngenteni dek omah. Ardi mulih jam 6 sore. Sawise Ardi anjok omah, Ardi dikandani karo ibuke.  “Le, yen wis mulih sekolah aja langsung dolen, mulih disek.”  Ardi ora ngerteni omongane ibuke. Ardi bendina mulih jam 6 sore terus amarga langsung dolen sakwise sekolah. Ing sawijining dina, ibuke Ardi lara amarga mikirna Ardi sing mulihe sore-sor

Lena, Wijaya, Adi, Maulana, Anggun, Zen, Nina, lan Riski

Urip Ing Desa (NNJ/82115596/2017) Liburan sekolah iki Lena karo keluargane, yaiku bapake, ibuke lan Adi (adhike) plesir menyang omahe Simbah ing Desa Sekarkuning. Lena lan keluargane budhal watara jam 5 isuk lan teka watara jam 9 isuk. Sawise teka, Lena lan keluargane langsung salim karo Simbah. Sarampunge salim, dheweke langsung adus lan turu sampe jam 11. Sabanjure iku, Leni lan Adi dolanan karo dulur misanane (sepupu), Anggun lan Nina. Bocah-bocah kuwi mlaku saubenge dusa.  “Nggun, ning kene apa jarang kendaraan liwat?” takone Lina.  “Iya mbak. Amarga kuwi lingkungan ning kene isih asri,” jawabe Anggun.  Pancen lingkungan ing desa kuwi asri banget. Banyu kaline isih jernih lan akeh iwak sing uripmengkono. Sawahe akeh banget ing kana, amarga rata-rata wargane dadi petani. UID Sawise mlaku-mlaku, Lena, Adi, Anggun, lan Nina dolana ing latare omah karo ngaso. Wektu istirahat, Adi lan Nina tukar padu amarga Adi njupuk bonekane Nina.  “Mas, balekno bonekaku!” bengoke Nina.  Adi malah

Cerita paling nyata

Kemerdekaan (N/81915585/2017) Ing kampungku diadakna lomba-lomba kanggo mengeti Kemerdekaan Indonesia lan pahlawan sing gugur ngadepi penjajah. Lomba-lomba kuwi dilaksanakake 5 dina, yaiku tanggal 10 nganti 15 Agustus. Tanggal 10 Agustus ana lomba balap karung. Anak-anak, remaja, ibu-ibu, lan bapak-bapak kabeh melu lomba kuwi. Acara iki meriah banget amarga akeh sing lugur, ana sing kate menang tapi karunge copot, lan liya-liyane. Lomba keloro tanggal 11 Agustus, yaiku lomba mangan kerupuk lan pecah balon. Lomba pecah balon kuwi seru banget. Kula melu pisan lomba iki, salatar teles kabeh, sakawak teles kabeh. Masio adem, tapi kabeh tetep melu lomba iki karo semangat. Ben menang lomba mangan kerupuk, aja nedha wiwit enjing ben luwe banget lan kerupuke cepet entek. Tanggal 13 Agustus lomba balap kelereng lan gantung topi. Tanggal 14 Agustus lomba adzan. Lan tanggal 15 Agustus lomba tangkep welut. Kabeh melu lomba dengan semangat untuk mengenang jasa para pahlawan. Kita  kudu sayang

Mulih Sekolah Mari Ngaji

Aku ora Dhewean (MGMS/81715570/2017) Jenengku Gito. Aku arek SMP. Gelek disangka arek SMA. Aku budhal sekolah diterno karo bapakku lan mulih numpak angkot (mikrolet). Aku numpak angkot jurusan LG. Dadi aku kudu mlaku ngiwati Taman Slamet disik. Aku ora numpak ADL utawa AL amarga ngancani kancaku liwat Taman Slamet. Kamis kepungkur, aku ngenteni kancaku. Tibake kancaku ora ana. Nanging aku tetep liwat Taman Slamet lan numpak LG, amarga wes kebiasaan. Aku mlaku nang Jl. Kawi ngliwati Taman Slamet. Aku ngrasa ana sing ngancani aku. Nanging duduk kancaku. Aku wes keweden awale. Jebule aku dikancani mbakku. Sawise iku aku nemu angkot LG lan numpak angkot iku. Aku lebih milih numpak LG amarga dalane luwih ruwet. Dadi aku bisa  menikmati perjalanan . Selain iku, LG iku sepi, dadi loggar, ora desek-desekan. Sekitar jam setengah lima kurang aku sampek terminal. Aku numpak ojek nang omahku. Regane jek ora larang, 8000 ae cukup. Aku njupuk kunci, terus mlebu nang omah. Aku langsung ganti lan

Impianku.. Lomba 17 Agustus

Impianku.. (MCA/81515558/2017) Halo. Kenalno jenengku Sita Aprilia. Saiki aku sekolah ing SMA 1 Pati. Ndek kene aku kate cerita tentang impianku sing kate dadi dokter. Dokter kuwi cita-cita sing mulyo. Tekan SMP aku wes pengen dadi dokter anak. Nanging karo wong tuwaku ora oleh amarga dadi dokter kuwi ora gampang. Dadi dokter kuwi mbutuhake wragat sing akeh, lan kudu nduweni tanggung jawab sing gedhe. Amarga iku wong tuwaku ora ndukung aku dadi dokter. Tapi aku kepingin. Saiki aku wes SMA, aku njaluk jurusan IPA cek iso ngeraih cita-citaku. Masio wong tuwaku ngelarang, aku tetep semangat. Merga engkook wong tuwaku mesti sadar. Sawise lulus SMA aku kate ngomong apik-apik marang wog tuwaku tentang cita-citaku kuwi. Lomba 17 Agustus (MRHP/81615559/2017) Dina iki, tanggal 16 Agustus, ing kampungku ana lomba 17-an. Ana bocah telu sing semangat tenan melu, yaiku Tono, Agus, lan Doni. Bocah kuwi seneng banget melu lomba-lomba. Saking semangate, bocah 3 kuwi teka nanging lapangan isih sepi

Crita ing Kutha Malang

Tukaran karo Sahabat (JPA/81215529/2017) Sawijining dina, Putri lan Arestu mlaku bareng. Arek loro kuwi awale ora kenal awal mulane arek iku kenal amarga sakelas. Arek loro iku kaya awak lan buntut, nang ndi-nang ndi mesti bareng. Putri iku senengane nyanyi lan Arestu senengane nari. Putri biasane ngamukan gegara digarai arek-arek. Sawijining dina arek loro iku diundang ing sawijining acara, tapi Putri gak iso teka. “Spurane, Ar. Aku ra iso teka mergane ra oleh melok,” tuture Putri. “Loh, yo apa seh, Tri. Awakmu ko wes janji karo aku,” jawabe Arestu. Wiwit kedadean iku, arek loro kuwi satru lan ora kancaan maneh, kaya ra tau kenal. Arek loro iku padha kangen. Kangen dheweke kek biyen sing nang ndi-nang ndi bareng. “Ar, aku pengen awake kaya biyen maneh, sing nang ndi-nang ndi bareng,” suwarane Putri ngomong lansung nang Arestu. “ iyo, Tri. Sepurane aku wingi ko wes ngamuk karo awakmu,” jawabe Arestu. Wiwit iku Putri lan Arestu kancaan maneh lan kaya awak karo buntut maneh. Khuta Ma

Akibat Ngedu Pitik, si Botak Gendeng

Akibat Ngedu Pitek (DFK/81515478/2017) Ana arek jenenge Sukirman, areke seneng ngedu pitik ing alas lan dikancani karo kancane yaiku Paidi, areke seneng nasehati Sukirman ben ora ngedu pitik maneh amarga ngedu pitik ing alas kuwi ngakibatna hal-hal sing ora apik. Mari ngedu petek, Paidi njaluk kancane kerja ning sawah, amarga Sukirman nduweni sawah warisan saka bapake. Saben Paidi njaluk ben kerja, Sukirman ora gelem lan mbantah. Pas wayah sore, Sukirman mlaku-mlaku ning sawahe dhewe karo Paidi. Pas mlaku-mlaku, Sukirman ngerasa ana sing mbalangi awake nggawe gelas kaca mboh saka ngendi.Sukirman ketiban sithik wae lan langsung mulih. Menene, Sukirman ngedu pitik maneh dikancani Paidi nganti wayah Maghrib. Maringono areke adus ing kali. Paidi ngomong yen adus ing kali sore-sore kuwi ora apik. Sukirman pancet adus. Moro-moro Sukirman dipangan baya. Paidi langsung njaluk tolong nang warga. Ana warga jenenge Anto. Wonge ora gelem nulungi amarga bayane gedhe. Paidi lan Anto golek warga l

The Champion

After Badminton Tournament, Arman feels very happy. He never though that he could bead Rizal, the Badminton Champion last year. At home, Arman tell his mother about his victory. Arman’s mother was very proud of him. She tell Arman to not ... of his victory. In the next day, Arman no go home directly because class picket. That day he picket with Edo, Rina, and Adi. These three child are picket and talking each other. Edo, “What is your plan for the holiday, Rin?” Rina, “I don’t have any plan yet, how about you?” Adi, “How we go to vacation?” Edo, “Vacation? No,no,no... vacation is expensive!” Adi, “No! This vacation is cheap! We just need to walk.” Rina, “Yes, its good for us, we can learn about nature too.” (Arman approached them) Arman, “What happen here?” Rina, “This is it. Adi invited us to go to vacation on the holiday. If you want, you can come with us.” Arman, “Hmm... sure, but I need to tell my parent first.”        Adi, “Ok! Sure.” In other side, Rud

Cekak TT17 lan K

Tarik Tambang 17-an (ASN/80815459/2017) 17 Agustus wes teko. Arek-arek SMPN 1 Malang upacara. Sakmarine upcara, OSIS SMPN 1 Malang ngadakno lomba, salah sijine tarik tambang, Kelasku diwakili wong yaiku Zidan, Wendo, Faza, Nanda, Gumilang. Lombae wes kate dimulai, arek2 siap2 lan pemanasan. Lombae wes dimulai, arek2 narik sekuat tenaga. Akhire kelasku menang berkat kerja keras arek2  lan kelasku mlebu babak final.  Arek2  kaget, soale pas dek final ngelawan kakak kelas seng luwih gedhe2 . Arek2  wis mikir ate mengundurkan diri soale wis pasti gak iso menang. Tapi Mami, wali kelasku ngandani yen awak dhewe gak oleh pantang semangat lan kudu brjuang. Mari dikandani Mami, arek2  langsung semangat. Arek2  seng awale padha sambat langsung dadi semangat. Arek2 langsung siap2 lan pemanasan. Terus berdo’a sesuai keyakinan masing2 supaya menang. Lombae wes dimulai, arek2 narik sekuat tenaga, tapi akhire kelasku kalah. Padahal arek2 wes narik sekuat tenaga, tapi gak papa awak dhewe wes nunjuk

Rencang-rencang

Kanca Kegelapan (AHP/80615451/2017) Bocah cilik sing umure 7 taun ora iso ndelok apa-apa teka laire. Bocah sing jenenge Peni kuwi ora duwe kanca di pekarangan omahe. Peni uripb ndek omah biasa karo ibuke. Kadang, Peni bosen amarga gak ana kanca ndek omahe. Awan kuwi, ibuke Peni mulih nggawa kanca gae Peni. Saiki, Peni wis akrab karo kancane lan wis ora bosen ana omah maneh. Kancane iku sering ngrungokake curhatane Peni, dolanan karo Peni, lan ngancani Peni turu nganggo dongenge. Gak suwe, ibuke teka ngawa kabar apik yaiku ibuke arep nggawa Peni operasi mata. Peni seneng banget ngerungokake kabar iku amarga kepingin ndelok ibuke lan kanca apike. Hari iku, Peni digawa ibuke gae operasi mata. Barine operasi, Peni seneng banget wes iso ndelok ibuke lan langsung ngrangkul ibuke kuwi. Siji maneh, Peni pengen ketemu kancane sing selama ikinsetia ambek Peni. Gak suwe ibuke teka karo kancane Peni, nanging sing digawa boneka wedok. Lambene boneka kuwi obah alon-alon lan ngucapake “halo” sambi

Cerkak 4 Cerkak 5

Arep Potongan Bengi iku ana wong loro mlaku liwat Jl. Larwo. Wong loro kuwi arep potongan. “Le, awakmu potongan iki dikongkon gurumu apa karepmu dhewe?” jare Bapak. “Nggih, ajengnipun kula piyambak, Pak. Sampun ... (dawa),” jare Bayu, “yen ketemon, dipethali.” “Ya, gak langsung dipethali. Pertama dikandani dhisik, ‘besok dipotong, ya’ Lek ora manut baru dipethali,” jare Bapak. Bapak ngomong yen polisi mawon maringi peringatan sadurunge nembak. “aja mlayu!” ngono. Kecuali yen perang. Tyange ngomong yen perang maringi peringatan, selak ditembak dhisik. “Inggih, Pak. Yen perang mawon saged mbujuki. Misale nyamar, ngagem ageman lorek-lorek ben gampang yen singitan,” jare Bayu. Bapak nimpali, “Yen ana wong jahat takon, awak dhewe oleh ngapusi, kok. Misale wong iku arep mateni wong, terus takon. Awak dhewe oleh gero, ‘gak ngerti’.” AP Tekan ngarepe Indomaret, wong loro kuwi nyabrang dalan. Ing dalan kuwi ana garis-garis putih sing jarake rada adoh, kira-kira sapada wong sujud (pance

Cerkak 3 & 4

Kucing Cilik (ATAP/80315432/2017) Sawijining dina, aku arep menyang omahe Vivi. Aku budhal budhal karo Anisa, Kenia, lan Sefia, arep kerja kelompok. Banjur teka omahe Vivi, kabeh langsung diskusi kanggo tugas wingi. “Rek! Kepriye yen awak dhewe nganggo tema tata surya gawe proyek IPA?” usule Anisa. “Idemu kuwi apik, Nis. Ayo saiki gawe daftar bahan-bahan kanggo proyek kuwi!” Aku njawab. “Oke,” jawabe Kenia lan Sefia. Sawise tuku kebutuhan proyek, kabeh langsung ngerjakno. “Wah! Apik tenan proyeke awak dhewe. Pasti oleh nilai apik iki,” jare Sefia. “Iyo, Sef. Aku ya seneng,” jare Kenia. “Rek, ayo mlaku-mlaku golek jajan! Aku arep njajan,” usule Vivi. “Ayo! Aku ya kepingin jajan,” jawabku. Ing setengahe perjalanan ana suara kucing cilik. Banjur aku lan Vivi ngoleki suara iku. Ana kucing ciling sing ditinggal karo ibuke. Kucing cilik iku luwe lan awake kurus. “Melas temen uripmu, cing.  Kucing iki arep dakgawa mulih lan dakrawat sampek gedhe,” jare aku. “Aku yo arep. Tapi karo kakung gak

Cerkak di pun wiwiti

Bancakan 17-an ing Sekolahan (AFAF/80115420/2017) Ing dina Jum’at wingi, sekolahku ngadakno “uklam-uklam tahes”. Murid-murid dikongkon teka nang sekolahan jam setengah enem isuk, banjur budhal jam 6. Saben bocah dikongkon nggawa pelembungan lan nggawe nduwuran abang karo celana putih. Wektu mlaku akeh pelembungan sing ucul, amarga nyekele ora kenceng. Ing tengah dalan, murid-murid padha njupuk kupon digawe ngolehake hadiah saka “uklam-uklam tahes” iki. Sakwise gerak jalan, murid-murid disenengake karo band OSIS. Sakwise ndelok band, murid-murid banjur lomba, yaiku terik tambang, nyekel welut, putra-putri eksawigraha, lan akeh liyane. Saben kelas kudu ngirimake perwakilan gawe lomba-lomba kuwi. Sakwise lomba, murid-murid dikongkon ngumpul nang lapangan gawe nyiapno kupon amarga kate diundi. Sakwise ngumumake pemenang, ana penampilan saka Bu Ika. Bu Ika nyiapake pirang-pirang lagu, kayata Bunda, Ibu Pertiwi. Sakmarine iku, Bu Isti ngelanjutake ngundi hadiah utama, yaiku sepedha pancal 3