Cerita paling nyata

Kemerdekaan

(N/81915585/2017)

Ing kampungku diadakna lomba-lomba kanggo mengeti Kemerdekaan Indonesia lan pahlawan sing gugur ngadepi penjajah. Lomba-lomba kuwi dilaksanakake 5 dina, yaiku tanggal 10 nganti 15 Agustus.

Tanggal 10 Agustus ana lomba balap karung. Anak-anak, remaja, ibu-ibu, lan bapak-bapak kabeh melu lomba kuwi. Acara iki meriah banget amarga akeh sing lugur, ana sing kate menang tapi karunge copot, lan liya-liyane.

Lomba keloro tanggal 11 Agustus, yaiku lomba mangan kerupuk lan pecah balon. Lomba pecah balon kuwi seru banget. Kula melu pisan lomba iki, salatar teles kabeh, sakawak teles kabeh. Masio adem, tapi kabeh tetep melu lomba iki karo semangat. Ben menang lomba mangan kerupuk, aja nedha wiwit enjing ben luwe banget lan kerupuke cepet entek.

Tanggal 13 Agustus lomba balap kelereng lan gantung topi. Tanggal 14 Agustus lomba adzan. Lan tanggal 15 Agustus lomba tangkep welut.

Kabeh melu lomba dengan semangat untuk mengenang jasa para pahlawan. Kita  kudu sayang lan cinta tanah air.


Ketemuan sing Ujunge Persahabatan

(NDA/82015595/2017)

Ing sawijining dina, aku dolan menyang taman sebelah omah. Aku dolan ing taman kuwi supaya bisa ambekan udara segar. Aku ning taman kuwi dikancani mbakku. Pas aku dolanan kembang, ana arek wedok nangis ing pojok taman. Aku ngomong karo mbakku, “Mbak, ana arek wedok nangis.” Moro mbakku njawab, “ Coba paranono!” aku nyuba marani arek wedok kuwi.

Aku kenalan karo arek wedok iku, jenenge Jesica. Aku nyuba takon kenapa Jesica nangis. “Aku nangis amarga ditinggal ibu lan bapakku menyang luar kota.” Aku langsung njawab, “Oalah. Ayo dolan neng omahku.” Moro Jesica gelem melok. Omahe Jesica cedhak karo omahku. Aku karo Jesica dolan menyang kamarku. Jesica ngomong, “Ayo awake sahabatan.” Akhire aku njawab, “Ayo.”

Sawise kuwi, aku dadi sahabate Jesica. Aku karo Jesica dolan bareng terus lan Jesica dolan nang omahku. Aku lan Jesica seneng dolan menyang taman panggone awak dhewe pertama ketemu. Aku ngejak Jesica blanja menyang Rubelan sing cedak tekan omahe awake. Aku blanja-blanja jajan karo Jesica. Akhire aku lan Jesica mulih menyang omahe Jesica.



Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Baca juga:
 Urip ing Desa Jujur 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse