Akibat Ngedu Pitik, si Botak Gendeng

Akibat Ngedu Pitek

(DFK/81515478/2017)

Ana arek jenenge Sukirman, areke seneng ngedu pitik ing alas lan dikancani karo kancane yaiku Paidi, areke seneng nasehati Sukirman ben ora ngedu pitik maneh amarga ngedu pitik ing alas kuwi ngakibatna hal-hal sing ora apik.

Mari ngedu petek, Paidi njaluk kancane kerja ning sawah, amarga Sukirman nduweni sawah warisan saka bapake. Saben Paidi njaluk ben kerja, Sukirman ora gelem lan mbantah. Pas wayah sore, Sukirman mlaku-mlaku ning sawahe dhewe karo Paidi. Pas mlaku-mlaku, Sukirman ngerasa ana sing mbalangi awake nggawe gelas kaca mboh saka ngendi.Sukirman ketiban sithik wae lan langsung mulih.

Menene, Sukirman ngedu pitik maneh dikancani Paidi nganti wayah Maghrib. Maringono areke adus ing kali. Paidi ngomong yen adus ing kali sore-sore kuwi ora apik. Sukirman pancet adus. Moro-moro Sukirman dipangan baya. Paidi langsung njaluk tolong nang warga. Ana warga jenenge Anto. Wonge ora gelem nulungi amarga bayane gedhe. Paidi lan Anto golek warga liyane. Kabeh warga sampun ngumpul ing panggonan lan nggoleki Sukirman sampek ana sing nelpon polisi. Warga lan polisi ngoleki Sukirman nganti wayah isuk. Anto nggoleki ing panggonan kejadian nganti sue. Maringono dheweke nemukake mayite Sukirman mngambang ing kali. Anto langsung njaluk tolong warga supaya njupuk mayit kuwi.


Si Botak Gendeng

(FTF/81115498/2017)

“Isien pelurumu. Siapmo bedhilmu. Makhluk botak-botak iku katene nyerang,” Kaptenku ngekei komando. Jenenge Kira, rada pendek tekan aku, rambute ireng abang dawa, mripate siji abang siji biru.

Sebelahku ana Hazumi, pacare. Luwih pendek sithik tekan aku. Bedhile digoyang-goyang ben lancar metune peluru.

“Sleatron, jaluk peluru pistolmu. Peluruku entek.” Dheweke nyaluk peluru nang awakku. Peluruku tak kekno nang Hazumi. Awak telu singitan ing suket-suketan ben siap nyerang.

Kira ngekei komando nang kancane Zhau cek nyerang yen makhluk botak-botak iku nyerang. Pas si botak iku menyang mburi, Zhau lan kancane sitok mbedhil. Nanging gak kenek makhluk botak, malah kenek pesawate sing nduweni werna abu-abu. Pesawat iku moro-moro murup, madangi alas ing bengi-bengi.

“Goblok !” Kira moro-moro nyaut.

Makhluk botak-botak iku moro-moro nyerang. Tangane sing awale mok 2, berubah dadi 10. Sikile dadi kaya bane tank. Dadane mbukak-nutup nyembur-nyemburna geteh biru. Awak dewe, wong limo langsung nembaki si gendeng iku. Makhluk iku maju sinambi joged-joged megal-megol lumaku lan tangane nyekel bedhil, nembak-nembak. Aku lan pasukan sing liyane maju sinambi mbedhil-bedhil lan mbalang senjata liyane. Salah siji ladeng ngenei ndase makhluk iku, tapi dheweke tetep joged-joged lan terus nyerang. Zhou lan Hazumi mbalangi bom tetep gak mempan. Bom mbeledag nggarai kobong hutan lan alas. Pelurune kabeh wis entek, bedhil dibalang-balang, makhluk iku sik joged-joged.

Jarak kari sameter. Pasukan maju berusaha nggebuki si botak gendheng sing ana telu iku. Zhou lan kancane sing nduweni jeneng Asterion mati dhisik kenek tangane makhluk joged iku. Kira lan Hazumi mati kesepak sikile si makhluk joged. Mek kari aku sing bisa gelut.

Senjataku kari siji, zat kimia semprotan werna ungu sing bisa ngelelehake kulite baya. Tak bukak segele botol kuwi, terus tak uncal pas ngenei dadane pas mbukak. Sak makhluk wis lugur, tapi sing loro tambah ngamuk. Tangane dadi 20, sikile berubah dadi kaya pesawat jet. Makhluke gak joged-joged maneh, tapi mibe mubeng-mubeng cepet. Sikilku sempet kenek tampel, terus aku lugur nang sebelahe Hazumi. Dek klambine isih ana botol kimia. Tak bukak, lansung tak balang nang monster tapi mek kenek sitok. Pas sing sitok mati, monster sitoke tambah ngamuk. Awake abang kabeh, sikile nggabung karo pesawat sing sitok. Tangane dadi tambah akeh. Dek ndase metu tanduk (sungu) loro. Tak delok nang Asterion ana botol kimia. Tak bukak, tak uncal nang pesawate. Makhluke mbeledug, pesawate mbeledug. Aku kepenthal wadoh. Moro-moro kabeh dadi peteng.

Amanat:
-Aja ceroboh yen ora pingin matek
-Aja dadi wong goblok yen ora pingin matek


Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Baca juga Crita ing Kutha Malang 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse