Mulih Sekolah Mari Ngaji

Aku ora Dhewean

(MGMS/81715570/2017)

Jenengku Gito. Aku arek SMP. Gelek disangka arek SMA. Aku budhal sekolah diterno karo bapakku lan mulih numpak angkot (mikrolet). Aku numpak angkot jurusan LG. Dadi aku kudu mlaku ngiwati Taman Slamet disik. Aku ora numpak ADL utawa AL amarga ngancani kancaku liwat Taman Slamet.

Kamis kepungkur, aku ngenteni kancaku. Tibake kancaku ora ana. Nanging aku tetep liwat Taman Slamet lan numpak LG, amarga wes kebiasaan. Aku mlaku nang Jl. Kawi ngliwati Taman Slamet. Aku ngrasa ana sing ngancani aku. Nanging duduk kancaku. Aku wes keweden awale. Jebule aku dikancani mbakku.

Sawise iku aku nemu angkot LG lan numpak angkot iku. Aku lebih milih numpak LG amarga dalane luwih ruwet. Dadi aku bisa menikmati perjalanan. Selain iku, LG iku sepi, dadi loggar, ora desek-desekan.

Sekitar jam setengah lima kurang aku sampek terminal. Aku numpak ojek nang omahku. Regane jek ora larang, 8000 ae cukup. Aku njupuk kunci, terus mlebu nang omah. Aku langsung ganti lan siap-siap adus.

Dina iku omahku sepi mamring. Mek ana aku, kucingku, lan rasane ana mbakku. Nanging aku ngara dewekan.Misale taun 1997, mbakku slamet, paling ana jenenge. Lan saiki bisa ngancani aku dek omah pas dewekan.


Rekreasi Biasa

(NEB/81815580/2017)

Sore-sore Rara mari ngaji. Rara ndelok TV karo bapake. Acarane rekreasi menyang pantai. Rara pingin rekreasi menyang pantai sing apik lan resik. Nanging Rara wedi bapake ora gelem lan diseneni, amarga ora duwe dhuwit.

Rara akhire nyuba njaluk nang bapake menyang pantai, nanging bapake ora gelem. Rara kandha nang ibuke yen awae kepingin rekreasi menyang pantai. Ibuke Rara ora ngolehi, amarga Rara alergi banyu laut. Rara ngamuk marang wong tuwane lan ora ngomong sedina karo bapak lan ibune.

Wong tuwane Rara bingung amarga areke nang kamar lan ora ngmong sedina. Bapak lan ibune ngolek rekreasi sing seru nanging biasa wae, supaya ngirit duwit. Akhire ibuke Rara duwe ide lan bapake setuju.

Ibuke Rara nyeluk Rara ing kamar. Rara nyauri karo suara mangkel. Rara nemoni ibuke banjur dikandani yen dheweke arep rekreasi menyang sumber. Rara langsung seneng atine. Sesuke Rara budhal menyang sumber karo bapak lan ibuke. Rara pancen seneng rekreasi.



Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Baca juga 
Cerita Paling Nyata

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse