Rencang-rencang

Kanca Kegelapan

(AHP/80615451/2017)

Bocah cilik sing umure 7 taun ora iso ndelok apa-apa teka laire. Bocah sing jenenge Peni kuwi ora duwe kanca di pekarangan omahe. Peni uripb ndek omah biasa karo ibuke. Kadang, Peni bosen amarga gak ana kanca ndek omahe.

Awan kuwi, ibuke Peni mulih nggawa kanca gae Peni. Saiki, Peni wis akrab karo kancane lan wis ora bosen ana omah maneh. Kancane iku sering ngrungokake curhatane Peni, dolanan karo Peni, lan ngancani Peni turu nganggo dongenge. Gak suwe, ibuke teka ngawa kabar apik yaiku ibuke arep nggawa Peni operasi mata. Peni seneng banget ngerungokake kabar iku amarga kepingin ndelok ibuke lan kanca apike.

Hari iku, Peni digawa ibuke gae operasi mata. Barine operasi, Peni seneng banget wes iso ndelok ibuke lan langsung ngrangkul ibuke kuwi. Siji maneh, Peni pengen ketemu kancane sing selama ikinsetia ambek Peni. Gak suwe ibuke teka karo kancane Peni, nanging sing digawa boneka wedok. Lambene boneka kuwi obah alon-alon lan ngucapake “halo” sambil marani Peni. Peni merinding.


Dina sing Hambar

(ADAS/80715456/2017)

Awan iki, sinau biologi krasa mbosenake. Pak Boni lagi nerangake materi pelajaran. Kumis ing ndhuwur lambene tansah goyang miturut gerakan lambene. Ora ana murid sing ngrungokno penjelasane. Rita uga ora ngrungokake penjelasan Pak Boni. Dhewekw malah sibuk  coret-coret ora jelas ing bukune.

Asline Rita kuwi bocah rajin lan pinter. Nanging, dina iki awake krasa kesel tanpa semangat. Rita ngembusake ambekan jengah. Dheweke dhewe ora ngerti menapa ora semangat dina iki. Beda karo Doni, kanca sakbangkune. Kaet mau ngudoi Rita terus, Rita dhewe ora ngerti maksude Doni nggudoi dheweke.

“Kowe iki napo ta, Don?” takon Rita sakwise Doni njepret tangane Rita nganggo karet.

“Ora to, Rit. Aku mung nyuba mbalekno semangatmu,” jawab Doni katon sabar.

Rita nurokake sirahe menyang meja, kesel lan pegel pisan karo Doni. Bocah ing sebelahe kuwi pancet nggudoi. Mulai njepret Rita nganggo karet, dulinan rambute Rita, sampe nyepak-nyepak sikile Rita. Suwe-suwe Rita risih karo Doni.

“Wis ta, Don! Aku lagi males!” bentak Rita. Doni malah cengengesan ora jelas.

“Ojo mung turu wae, Rit. Mosok kowe ora tertarik ndeleng brengose Pak Boni sing lagi munggah-mudhun kuwi?” Doni munggah-mudhunake alise.

Rita mulai ngarahake tatapane menyang kumise [alias brengose] Pak Boni sing munggah-mudhun. Pak Boni ora kesel-kesel nerangake materi biologi. Rita malah fokus marang mustache-e Pak Boni sing munggah-mudhun, dudu fokus marang pelajaran sing diterangake. Lucu pisan yen dideleng, batin Rita. Rita ngelirik Doni sing lagi cekikikan. Rita lan Doni ngguyu nganti Pak Boni keganggu.

“Rita! Doni! Lagi ngguyu apa?!”



Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Baca juga
 TT17 lan K

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse