Cerkak 3 & 4

Kucing Cilik

(ATAP/80315432/2017)

Sawijining dina, aku arep menyang omahe Vivi. Aku budhal budhal karo Anisa, Kenia, lan Sefia, arep kerja kelompok. Banjur teka omahe Vivi, kabeh langsung diskusi kanggo tugas wingi.

“Rek! Kepriye yen awak dhewe nganggo tema tata surya gawe proyek IPA?” usule Anisa.

“Idemu kuwi apik, Nis. Ayo saiki gawe daftar bahan-bahan kanggo proyek kuwi!” Aku njawab.

“Oke,” jawabe Kenia lan Sefia.

Sawise tuku kebutuhan proyek, kabeh langsung ngerjakno.

“Wah! Apik tenan proyeke awak dhewe. Pasti oleh nilai apik iki,” jare Sefia.

“Iyo, Sef. Aku ya seneng,” jare Kenia.

“Rek, ayo mlaku-mlaku golek jajan! Aku arep njajan,” usule Vivi.

“Ayo! Aku ya kepingin jajan,” jawabku.

Ing setengahe perjalanan ana suara kucing cilik. Banjur aku lan Vivi ngoleki suara iku. Ana kucing ciling sing ditinggal karo ibuke. Kucing cilik iku luwe lan awake kurus. “Melas temen uripmu, cing. 

Kucing iki arep dakgawa mulih lan dakrawat sampek gedhe,” jare aku.

“Aku yo arep. Tapi karo kakung gak oleh ngingu kucing,” jare Vivi karo cemberut.

Wis sawulan kucing iku dakrawat. Saiki wulune wes kandhel lan awake wes lemu. Kucing iku nduweni jeneng, yaiku Simba. Simba kuwi kucing sing aktif lan nakal. Simba seneng mangan snack kucing. Kadang Simba nyolong iwak ing meja makan. Simba kuwi kucing sing lucu lan nyenengake


an Cerkaknbung

Ing sawijining pulau ana kutha kang gedhe. Akeh gedung-gedung kang dhuwur ngadek ing kana. Ing kana uga akeh bank-bank negeri lan swasta, Salah sijine yaiku Bank Balap Kerupuk. Masyarakat akeh sing nyimpen duwit ing kana, amarga wis kapercaya. Dina-dina katon rame mlebu metu bank. Ana sing nyimpen duwit, nyeleh duwit (ngutang), utawa daftar rekening.

Sawijining dina, Bagus lan Salsa, arek kelas lima SD Kucang Garung Nem, mulih sekolah. gak suwi kas ana montor sedan ireng mandek ing ngarepe arek loro kuwi. Bagus lan Salsa ua mlebu menyang montor. dheweke lungguh ing kursi mburi. Ing ngarep ana Mas Zaid Anns. Sawise iku montor kuwi katon mlaku.

Ing njero montor kuwi, Bagus nggambar ing tabe e Mas Zaid Anss. Areke nggambar robot. Yen dimirsanipun gambarkuwi kaya macan. Nanging buntute dawa, saking dawane kaya pecut. Ing pundake ana machinegun.

Saka tengah dalan ngliwati Bank Balap Kerupuk. Ana montor gedhw ing ngarepe Bank kuwi ... (Bersambung)


Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Baca juga
 cerita ke 4.1 dan 5

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse