Postingan

Menampilkan postingan dari September, 2017

Cerkak 3 & 4

Kucing Cilik (ATAP/80315432/2017) Sawijining dina, aku arep menyang omahe Vivi. Aku budhal budhal karo Anisa, Kenia, lan Sefia, arep kerja kelompok. Banjur teka omahe Vivi, kabeh langsung diskusi kanggo tugas wingi. “Rek! Kepriye yen awak dhewe nganggo tema tata surya gawe proyek IPA?” usule Anisa. “Idemu kuwi apik, Nis. Ayo saiki gawe daftar bahan-bahan kanggo proyek kuwi!” Aku njawab. “Oke,” jawabe Kenia lan Sefia. Sawise tuku kebutuhan proyek, kabeh langsung ngerjakno. “Wah! Apik tenan proyeke awak dhewe. Pasti oleh nilai apik iki,” jare Sefia. “Iyo, Sef. Aku ya seneng,” jare Kenia. “Rek, ayo mlaku-mlaku golek jajan! Aku arep njajan,” usule Vivi. “Ayo! Aku ya kepingin jajan,” jawabku. Ing setengahe perjalanan ana suara kucing cilik. Banjur aku lan Vivi ngoleki suara iku. Ana kucing ciling sing ditinggal karo ibuke. Kucing cilik iku luwe lan awake kurus. “Melas temen uripmu, cing.  Kucing iki arep dakgawa mulih lan dakrawat sampek gedhe,” jare aku. “Aku yo arep. Tapi karo kakung gak

Cerkak di pun wiwiti

Bancakan 17-an ing Sekolahan (AFAF/80115420/2017) Ing dina Jum’at wingi, sekolahku ngadakno “uklam-uklam tahes”. Murid-murid dikongkon teka nang sekolahan jam setengah enem isuk, banjur budhal jam 6. Saben bocah dikongkon nggawa pelembungan lan nggawe nduwuran abang karo celana putih. Wektu mlaku akeh pelembungan sing ucul, amarga nyekele ora kenceng. Ing tengah dalan, murid-murid padha njupuk kupon digawe ngolehake hadiah saka “uklam-uklam tahes” iki. Sakwise gerak jalan, murid-murid disenengake karo band OSIS. Sakwise ndelok band, murid-murid banjur lomba, yaiku terik tambang, nyekel welut, putra-putri eksawigraha, lan akeh liyane. Saben kelas kudu ngirimake perwakilan gawe lomba-lomba kuwi. Sakwise lomba, murid-murid dikongkon ngumpul nang lapangan gawe nyiapno kupon amarga kate diundi. Sakwise ngumumake pemenang, ana penampilan saka Bu Ika. Bu Ika nyiapake pirang-pirang lagu, kayata Bunda, Ibu Pertiwi. Sakmarine iku, Bu Isti ngelanjutake ngundi hadiah utama, yaiku sepedha pancal 3