Crita ing Kutha Malang

Tukaran karo Sahabat

(JPA/81215529/2017)

Sawijining dina, Putri lan Arestu mlaku bareng. Arek loro kuwi awale ora kenal awal mulane arek iku kenal amarga sakelas. Arek loro iku kaya awak lan buntut, nang ndi-nang ndi mesti bareng. Putri iku senengane nyanyi lan Arestu senengane nari. Putri biasane ngamukan gegara digarai arek-arek.

Sawijining dina arek loro iku diundang ing sawijining acara, tapi Putri gak iso teka. “Spurane, Ar. Aku ra iso teka mergane ra oleh melok,” tuture Putri. “Loh, yo apa seh, Tri. Awakmu ko wes janji karo aku,” jawabe Arestu. Wiwit kedadean iku, arek loro kuwi satru lan ora kancaan maneh, kaya ra tau kenal.

Arek loro iku padha kangen. Kangen dheweke kek biyen sing nang ndi-nang ndi bareng. “Ar, aku pengen awake kaya biyen maneh, sing nang ndi-nang ndi bareng,” suwarane Putri ngomong lansung nang Arestu. “ iyo, Tri. Sepurane aku wingi ko wes ngamuk karo awakmu,” jawabe Arestu. Wiwit iku Putri lan Arestu kancaan maneh lan kaya awak karo buntut maneh.


Khuta Malang

(KPB/80915538/2017)

Kutha Malang iku salah sijine kutha sing asri lan kejaga karesikane ing Indonesia. Kutha Malang nduweni walikota sing peduli nemen marang karesikan,keasrian, lan kaendahan Kutha Malang, yaiku Hj. Moch. Anton kang biasa diceluk Abah Anton. Berkat kegigihan rakyat lan Abah Anton, Kutha Malang bisa menangake Adipura Kencana taun 2017.

Nanging sakliyane keapikan Kutha Malang, ana pisan perkara sing ngelekake jenenge Kutha Malang, yaiku korupsi sing dilakukna Ketua DPRD Kutha Malang. Dheweke ngorupsi duwite rakyat sing sakjane digawe ngedadekake jembatan ing Kedung Kandang. Perkara kuwi nganti mlebu koran.

Ana maneh siji perkara sing nggarai Kutha Malang terkenal, yaiku perkara arek cilik sing dicakot karo kirik peliharaane dhewe. Arek cilik iku isih kelas loro SD ing SDN Blimbing 3. Dheweke dicakot kirik peliharaane ing omahe sing ana ndek Jl. Candi Penataran.

Ngangge nutupi kabar-kabar sing kurang menakake saka Kutha Malang, warga lan pemerintah kudu ngelakukake hal-hal sing becik. Ben jenenge Kutha Malang ora terkontaminasi karo kabar-kabar sing elek. Contohe yaiku menangake piala Adipura Kencana taun 2017.



Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Baca juga
 Impianku.. Lomba 17 Agustus

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse