Ardi lan Adi, sing manut, ya...!

Cerkak 23: Bocah Enom
(NTR/82315600/2017)

Angin sore sumilir ing kene, bocah-bocah padha dulinan sawise mulih sekolah. Ana arek jenenge Ardi. Ardi yen dulinan ora gelem leren. Ardi nduweni kanca sing jenenge Pali, areke manut karo wong tuwane, ora kaya Ardi. Ardi duwe ibu sing ayu lan sabar. Nasibe Pali bedo karo Ardi, Pali ora duwe igu. Ibuke Pali sampun seda.

Sawijining dina Ardi wes rampung, mek Ardi ora langsung mulih nanging malah dolen langsung. Ibuke Ardi banjur nggoleki nang sekolahe, nanging ora ana. Ibuke Ardi takon nang Pali. 

“Pal, kowe ero Ardi apa  gak?” takon ibuke Ardi. 

“Mboten ngertos, Bu,” jawabe Pali. 

Ibuke Ardi mulih lan ngenteni dek omah. Ardi mulih jam 6 sore. Sawise Ardi anjok omah, Ardi dikandani karo ibuke. 

“Le, yen wis mulih sekolah aja langsung dolen, mulih disek.” 

Ardi ora ngerteni omongane ibuke.


Ardi bendina mulih jam 6 sore terus amarga langsung dolen sakwise sekolah. Ing sawijining dina, ibuke Ardi lara amarga mikirna Ardi sing mulihe sore-sore terus. Ardi eroh iku langsung nangis nang ibuke. 

“Buk, aja ninggalna Ardi, aku janji gak ngulangi meneh, Bu,” omongane Ardi karo nangis. 

Mangkene yen dadi bocah kudu nurut nang wong tuwane. Yen wong tuwa kaya ngono, ya apa. Awakmu isih butuh wong tuwa.

Tamat



Cerkak 24: Dolanan Sepedha
(RANH/82415612/2017)

Sore iku Ardi lan kanca-kancane kabeh dolanan sepedha. Angine sumilir ing dolanan kuwi. Kabeh pada asik karo sepedane dhewe-dhewe. Saking asike dolanan sepeda, Adi lan kanca-kancane ora krasa yen langite wes abang, sing nandaake mlebune wektu Maghrib. Akhire Adi lan kancane kabeh pada mulih.

Esuk kuwi Adi siap-siap budhal sekolah. Adi ngetokake sepeda tekan garasi lan budhal menyang sekolah karo kanca-kancane. Gak lali Adi pamitan karo wong tuwane, yaiku Bu Rahman karo Pak Rahman. Ing tengah dalan, salah siji kancane Adi ngejak balapan. Akhire Adi ngebut-ngebutan karo kancane. Sanajan Adi ora ndelok watu ing tengah dalan, Adi oleng lan tiba. Kanca-kancane nulungi lan digotong Pak Suryo sing omahe cedhek ing anggone Adi tiba. Sikut, sikil lan dengkule Adi babras kabeh.

Akhire Pak Suryo nambani Adi karo barang-barang ing kotak P3K sing ana ing omahe. Kancane njaluk sepura nang Adi amarga ngejak kebut-kebutan. Adi yo njaluk sepura, merga awake kanca-kancane telat menyang sekolahan. Sawise diobati, Adi dituntun Pak Suryo menyang omahe. Wiwit kedadeyan iku, Adih saiki luwih ati-ati yen nggawa sepeda.

-Tamat-



Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Jangan lupa baca
 Ulangan yang Menegangkan 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse