Postingan

Menampilkan postingan dari Desember, 2017

Wedi Ulangan

Cerkak 25: Amarga Wedi Ulangan (RZA/82515614/2017) Dina Senin kepungkur, Bagas ora mlebu sekolah. Kabeh kancane Bagas, termasuk Beni sing omahe cidek karo Bagas ora ngerti alasane Bagas ora mlebu. Padahal dina iki ana ulangan matematika. Nganti moleh sekolah, ora ana surate Bagas ing pos satpam. Akhire Beni mutusake sowan ing omahe Bagas. Beni wes teka ing ngarep omahe Bagas. Dheweke ngucapake salam lan nyeluk-nyeluk Bagas. Akhire Bagas mbukakne lawang. Bagas kaget ana apa Beni kok sowan ing omahe. Beni langsung wae takok kenaapa Bagas ora mlebu. Bagas njawab, “Ben, aku durung sinau kanggo ulangan matematika. Merga iku aku ora mlebu. Wedi bijiku elek. Apa maneh buku catetanku ilang.” Beni lansung njawab alasane Bagas ora mlebu.  “Kan minggu wingi wes dikandani karo Bu Siti yen dina iki ana ulangan.”  “Aku ora nggatekake Bu Siti wektu iku,” jawabe Bagas.  Beni langsung kaget krungu jawabane Bagas. “Liya dina kowe kudu nggatekno yen ana wong ngendikan ing ngarep. Apa maneh yen ana

Ardi lan Adi, sing manut, ya...!

Cerkak 23: Bocah Enom (NTR/82315600/2017) Angin sore sumilir ing kene, bocah-bocah padha dulinan sawise mulih sekolah. Ana arek jenenge Ardi. Ardi yen dulinan ora gelem leren. Ardi nduweni kanca sing jenenge Pali, areke manut karo wong tuwane, ora kaya Ardi. Ardi duwe ibu sing ayu lan sabar. Nasibe Pali bedo karo Ardi, Pali ora duwe igu. Ibuke Pali sampun seda. Sawijining dina Ardi wes rampung, mek Ardi ora langsung mulih nanging malah dolen langsung. Ibuke Ardi banjur nggoleki nang sekolahe, nanging ora ana. Ibuke Ardi takon nang Pali.  “Pal, kowe ero Ardi apa  gak?” takon ibuke Ardi.  “Mboten ngertos, Bu,” jawabe Pali.  Ibuke Ardi mulih lan ngenteni dek omah. Ardi mulih jam 6 sore. Sawise Ardi anjok omah, Ardi dikandani karo ibuke.  “Le, yen wis mulih sekolah aja langsung dolen, mulih disek.”  Ardi ora ngerteni omongane ibuke. Ardi bendina mulih jam 6 sore terus amarga langsung dolen sakwise sekolah. Ing sawijining dina, ibuke Ardi lara amarga mikirna Ardi sing mulihe sore-sor

Lena, Wijaya, Adi, Maulana, Anggun, Zen, Nina, lan Riski

Urip Ing Desa (NNJ/82115596/2017) Liburan sekolah iki Lena karo keluargane, yaiku bapake, ibuke lan Adi (adhike) plesir menyang omahe Simbah ing Desa Sekarkuning. Lena lan keluargane budhal watara jam 5 isuk lan teka watara jam 9 isuk. Sawise teka, Lena lan keluargane langsung salim karo Simbah. Sarampunge salim, dheweke langsung adus lan turu sampe jam 11. Sabanjure iku, Leni lan Adi dolanan karo dulur misanane (sepupu), Anggun lan Nina. Bocah-bocah kuwi mlaku saubenge dusa.  “Nggun, ning kene apa jarang kendaraan liwat?” takone Lina.  “Iya mbak. Amarga kuwi lingkungan ning kene isih asri,” jawabe Anggun.  Pancen lingkungan ing desa kuwi asri banget. Banyu kaline isih jernih lan akeh iwak sing uripmengkono. Sawahe akeh banget ing kana, amarga rata-rata wargane dadi petani. UID Sawise mlaku-mlaku, Lena, Adi, Anggun, lan Nina dolana ing latare omah karo ngaso. Wektu istirahat, Adi lan Nina tukar padu amarga Adi njupuk bonekane Nina.  “Mas, balekno bonekaku!” bengoke Nina.  Adi malah