Cerkak di pun wiwiti

Bancakan 17-an ing Sekolahan

(AFAF/80115420/2017)

Ing dina Jum’at wingi, sekolahku ngadakno “uklam-uklam tahes”. Murid-murid dikongkon teka nang sekolahan jam setengah enem isuk, banjur budhal jam 6. Saben bocah dikongkon nggawa pelembungan lan nggawe nduwuran abang karo celana putih. Wektu mlaku akeh pelembungan sing ucul, amarga nyekele ora kenceng. Ing tengah dalan, murid-murid padha njupuk kupon digawe ngolehake hadiah saka “uklam-uklam tahes” iki.

Sakwise gerak jalan, murid-murid disenengake karo band OSIS. Sakwise ndelok band, murid-murid banjur lomba, yaiku terik tambang, nyekel welut, putra-putri eksawigraha, lan akeh liyane. Saben kelas kudu ngirimake perwakilan gawe lomba-lomba kuwi. Sakwise lomba, murid-murid dikongkon ngumpul nang lapangan gawe nyiapno kupon amarga kate diundi.

Sakwise ngumumake pemenang, ana penampilan saka Bu Ika. Bu Ika nyiapake pirang-pirang lagu, kayata Bunda, Ibu Pertiwi. Sakmarine iku, Bu Isti ngelanjutake ngundi hadiah utama, yaiku sepedha pancal 3 biji. Sakwise nemu pemenang, murid-murid disenengake karo penampilan Ahmad Band lan Bu Ika sing nyanyi lagu Bento. Sakwise iku mau dilanjutake karo lomba tempeh goyang sing babak final. Tapi salah siji peserta curang amarga pas lagune disetel, dheweke ora joget malah mlayu. Akhire lomba iku dimenangno Abid. Sakwise lomba, murid-murid banjur mulih sekitar jam 2 awan.


Ndelok Konser

(AAA/80215429/2017)

Dina iki wes bulan April. Iku artine idol favoritku kate teka menyang Indonesia. Pengen ngerti jeneng idol-e? Jeneng idol-e yaiku BTS. Dheweke kate teka menyang Jakarta, Jum’at, 28 April 2017. Yen konsere diadakno Sabtu, 29 April 2017. Aku wes ngewanti-wanti dina iku nganti suwe. Ndelok idol favorit apa guduk impiane fangirl?

Tepak bulan April, kanca-kanca ‘seper-kpop-an’ku wis padha ngomong-ngomong tentang grup iku. Akeh sing gak iso teka amarga gak diolehi karo wong tuwane lan keterbatasan duwit amarga regane tikete sing larang. Rega tiket sing paling murah, ana ing area kuning, yaiku Rp 1.300.000,-. Yen sing palin larang, ana ing area abang, Rp 3.000.000,-. Aku kate tuku ing area ijo, gak pati larang, yaiku Rp 2.300.000,- lan tuku lightstick sing regane Rp 595.000,-. Rencanane aku kate tuku, tapi tepak aku mbukak blog ibighit.com (agensi yang menaungi BTS dan menjual tiketnya), tiket wes ludes.

Aku sempat nangis, tapi ibuku ngomong, “Gak oleh nangis. Paling taun ngarep iso ndelok. Mangkane, yen kepingin golek tiket kudu ‘gercep’ ben ora kentekan.” 

Iku dadi motivasi gawe aku. Masio ketokane sepele, tapi lain kali lek iso ana wektu? Sapa ngerti aku iso ndelok konsere maneh. Akhire aku ndelok tekan live-ane wong. Masio burem, sing penting aku ndelok. 


Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Baca juga,
 cerita 3 dan 4

Komentar

  1. Jika ada yang salah ketik mohon diingatkan agar menjadi lebih sempurna. Trims

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse