Cerkak 4 Cerkak 5

Arep Potongan

Bengi iku ana wong loro mlaku liwat Jl. Larwo. Wong loro kuwi arep potongan.

“Le, awakmu potongan iki dikongkon gurumu apa karepmu dhewe?” jare Bapak.

“Nggih, ajengnipun kula piyambak, Pak. Sampun ... (dawa),” jare Bayu, “yen ketemon, dipethali.”

“Ya, gak langsung dipethali. Pertama dikandani dhisik, ‘besok dipotong, ya’ Lek ora manut baru dipethali,” jare Bapak.

Bapak ngomong yen polisi mawon maringi peringatan sadurunge nembak. “aja mlayu!” ngono. Kecuali yen perang. Tyange ngomong yen perang maringi peringatan, selak ditembak dhisik.

“Inggih, Pak. Yen perang mawon saged mbujuki. Misale nyamar, ngagem ageman lorek-lorek ben gampang yen singitan,” jare Bayu.

Bapak nimpali, “Yen ana wong jahat takon, awak dhewe oleh ngapusi, kok. Misale wong iku arep mateni wong, terus takon. Awak dhewe oleh gero, ‘gak ngerti’.”

AP

Tekan ngarepe Indomaret, wong loro kuwi nyabrang dalan. Ing dalan kuwi ana garis-garis putih sing jarake rada adoh, kira-kira sapada wong sujud (pancen garis-garis kuwi kanggo shaf wong shalat Idul Adha wingenane).

“Ngene iki imam e ndek endi?” pitakone Bapak.

“Nggih, ing menika kan wonten masjid, Pak,” jawabe Bayu.

“Lha, engkok shaf e lak pedhot.”

“Mboten napa-napa, Pak. Sing penting jarake mboten luwih saka 300 hasta (150 meter).”

AP

Akhire wong loro kuwi sapek ing panggonane potongan, nanging tutup. Bayu lan bapake nuba mlaku rada ngidul. Dadakna tutup pisan. Akhire wong loro kuwi mulih.

Menene wong loro kuwi budhal mari Maghrib.


Warga Desa sing Guyup Rukun

(AKM/80515438/2017)

Saben dina iki ora mung rampung wae anggone tawuran. Sebabe iku iso tekan masalah ekonomi utawa perbedaan wilayah. Ing Malang kene ana desa sing ayem tentrem amarga masyarakate iso diatur lan manut karo adat utawa peraturan ing desane. Sing nggawe masyrakate rukun ing desa iki yaiku asmane dene Pak Karto. Pak Karto kuwi bapak sing pancen nduweni sifat ateges, sabar, lan sregep. Mulane iku bisa ndidik para wargane.

Dina iki ana acara kerja bakti ing desa sing sadurunge disusun karo anggota Karang Taruna lan para warga. Dadi para warga katon semangat, bungah, lan ana sing ngguyu-ngguyu anggone acara kuwi, sebab para warga iso keringeten lan dadi sehat awake. Acara iki diadakno supaya lingkungane dadi resik lan bebas penyakit. Kerja bakti dimulai watara jam pitu lan diterusake watara jam sepuluh. Ana sing bagian ngresiki gorong-gorong, ana sing anggone resik-resik ing dalan utawa omahe dhewe-dhewe. Tapi sing paling akeh iku resik-resik ana taman.

Sawise resik-resik, para warga uga mulih lan adus. Warga liyane langsung budhal menyang balai dusun lan  lungguh-lungguh ing kursi sing wis disediyani karo anggota Karang Taruna. Iku disiapake dina Sabtu karo anggota kanthi resik. Wektu resik-resik ana anggota sing padha guyon lan ana maneh sing meneng wae karo sabar pokok sing penting hasile apik.

Lan sawise sing liyane wis teka, ana sambutan saka Pak Karto yaiku selaku kepala desa sambil maca pidato ing ngarepe para warga. Isi pidatone yaiku Pak Karto seneng marang warga sing berpartisipasi dene kegiatan kerja bakti. Para warga iu pinter bekerja sama lan guyup rukun. Akhire bisa ngehasilake hasil sing apik. Banjur para warga tepuk tangan anggone pidatone Pak Karto.

Kita iki bisa urip sejahtera, aman lan tentram yen dilandasi sikap peduli, tulung tinulung, lan seneng guyup rukun.


Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Baca juga kanca²

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse