Cekak TT17 lan K

Tarik Tambang 17-an

(ASN/80815459/2017)

17 Agustus wes teko. Arek-arek SMPN 1 Malang upacara. Sakmarine upcara, OSIS SMPN 1 Malang ngadakno lomba, salah sijine tarik tambang, Kelasku diwakili wong yaiku Zidan, Wendo, Faza, Nanda, Gumilang. Lombae wes kate dimulai, arek2 siap2 lan pemanasan.

Lombae wes dimulai, arek2 narik sekuat tenaga. Akhire kelasku menang berkat kerja keras arek2  lan kelasku mlebu babak final.  Arek2  kaget, soale pas dek final ngelawan kakak kelas seng luwih gedhe2 . Arek2  wis mikir ate mengundurkan diri soale wis pasti gak iso menang. Tapi Mami, wali kelasku ngandani yen awak dhewe gak oleh pantang semangat lan kudu brjuang.

Mari dikandani Mami, arek2  langsung semangat. Arek2  seng awale padha sambat langsung dadi semangat. Arek2 langsung siap2 lan pemanasan. Terus berdo’a sesuai keyakinan masing2 supaya menang. Lombae wes dimulai, arek2 narik sekuat tenaga, tapi akhire kelasku kalah. Padahal arek2 wes narik sekuat tenaga, tapi gak papa awak dhewe wes nunjukno seng terbaik.


Kangen

(DFP/80915474/2017)

Jenengku Phadmasana. Aku seneng banget karo kucing. Aku duwe kucing 5, jenenge Ming-ming, Mossy, Molly, Monty, lan Mochi. Saben dina aku ora dulinan karo kanca-kanca sapantaran, nanging yo karo kucing-kucingku. Kucing iku luwih pengertian lan nyenengno ketimbang kanca-kanca liyane. Kanggo wong liya aku iki wong sing ora normal, anti-sosial karo kanca, nanging seneng banget karo kucing. Aku uga ngerasa aku iki wong sing ora normal, nanging dolan karo kucing luwih nyenengno.

Sawijining dina, aku weruh Monty mulih menyang omah. Monty ngeong-ngeong terus karo nyawang aku. Sawis iku, aku nyawang Monty, nyawang awake lan nemu bekas cokotan ing cedhak sikil mburine Monty. Bekas cokotan iku gedhe lan jeru, aku nganti bisa nyawang daginge. Welas rasane nalika nyawang Monty, nanging aku ora bisa lapo-lapo, mung bisa nyawang.

Sawise dina iku, aku ora tau nyawang Monty maneh. Wes digoleki menyang ngendi-ngendi, nanging nihil, aku ora bisa nemokake Monty. Rasane campur aduk weruh salah siji kucingku iku ora mulih lan kondisine ora sehat. Saben dina aku mung bisa keliling ngoleki Monty, masio aku weruh yen Monty gak bakalan ketemu ing kampungku. Aku uga mung bisa ndunga supaya Monty mulih maneh lan bisa dolanan maneh. Aku mung bisa kangen karo Monty, lan nyawang foto-fotone.

Udakara telung sasi, aku isih ora bisa nemukake Monty. Aku ora weruh Monty iku ilang apa mati, sing jelas aku kangen banget karo Monty. Aku nyoba ngiklasake Monty, ora nelangsa maneh amarga Monty ilang. Yen Monty ilang, aku ndunga supaya cepet mulih. Nanging yen mati, aku mung bisa ndunga supaya Monty seneng lan tenang ing alam kono. Sing jelas, Monty ana ing ngendi wae, Monty tetep ana ing atiku, selawase



Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Baca juga
 Akibat Ngedu Pitik Si Botak Gendeng

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse