Wedi Ulangan

Cerkak 25: Amarga Wedi Ulangan
(RZA/82515614/2017)

Dina Senin kepungkur, Bagas ora mlebu sekolah. Kabeh kancane Bagas, termasuk Beni sing omahe cidek karo Bagas ora ngerti alasane Bagas ora mlebu. Padahal dina iki ana ulangan matematika. Nganti moleh sekolah, ora ana surate Bagas ing pos satpam. Akhire Beni mutusake sowan ing omahe Bagas.

Beni wes teka ing ngarep omahe Bagas. Dheweke ngucapake salam lan nyeluk-nyeluk Bagas. Akhire Bagas mbukakne lawang. Bagas kaget ana apa Beni kok sowan ing omahe. Beni langsung wae takok kenaapa Bagas ora mlebu. Bagas njawab, “Ben, aku durung sinau kanggo ulangan matematika. Merga iku aku ora mlebu. Wedi bijiku elek. Apa maneh buku catetanku ilang.”

Beni lansung njawab alasane Bagas ora mlebu. 

“Kan minggu wingi wes dikandani karo Bu Siti yen dina iki ana ulangan.” 

“Aku ora nggatekake Bu Siti wektu iku,” jawabe Bagas. 

Beni langsung kaget krungu jawabane Bagas. “Liya dina kowe kudu nggatekno yen ana wong ngendikan ing ngarep. Apa maneh yen ana ulangan. Dadi kowe bisa nyiapno sinau kanggo materine kuwi,” jare Beni. 

Bagas nyesel krungu jawaban iku saka Beni. Dheweke langsung njaluk sepura lan ora bakal mbaleni maneh.



Jangan lupa baca Boom!!!!


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse