Cerkak dipun pungkasani

Cerkak 31: Dolanan sing Ora Genah
(YPP/b83115664/2017)

Ing sawijining dina Bejo, Somad, lan Semar dolan bareng. Bejo kuwi pingin menang dhewe. Somad... enake apa ya? Netral wes. Lah lek Semar kuwi sabar. Bejo ngajak Somad karo Gareng dolan bareng, yaiku balap mlayu jam setengah 12 ing lapangan.

Kabeh arek wis kumpul ing lapangan. Somad sing dadi wasite. “Sedia! Siap?! Yuk!!” Bejo langsung mlayu sabanter-bantere, tapi Semar mlayu alon-alon. Gara-gara Semar kegenduten lek mlayu sampek awake mendhal-mendhal. Tapi suwe-suwe mlayune tambah banter kaya angin. Sampek-sampek Bejo sing ndek ngarepe kate diselip. Pas Semar kate nyelip, Bejo nyenggol Semar nganti babak bundas.

“Prit...,” Somad nyebul peluite.

“Kartu kuning...!! gara-gara nyenggol.”

“Lho, kartu kuningen Semar!!! Pura-pura dek’e” Bejo nyeneni Somad.

“Yowes...yowes.” Somad kuwi nurut.


Tapi ngono kuwi Semar tetep sabar masio dilakukake ora adil. Akhire Bejo menang saka lomba mau. Tapi arek telu mau tetep kancaan masio gelek keras-kerasan. Lek duwe kanca kuwi kudu dijaga hubungane ben ora ana tukar padu ing hubungan kuwi, kaya Dono, Kasino, lan Indro.




Cerkak 32: Bocah Cilik sandinge Omahku
(ZZR/b83215666/2017)

Ing sandinge omahku ana omah kang wes suwi ora dipanggoni amarga mbiyen kobongan. Nanging, yen ana wong sing mlebu menyang palataran omah iku mesti krungu arek cilik ngguyu. Jare wong sing wis tau mlebu pelataran omah kuwi, iku swarane arek cilik sing mbiyen mati amarga ora bisa metu aka omah kuwi pas kobongan. Nanging aku ora percaya karo ngono-ngonoan iku.

Nanging ing sawijining dina aku penasaran karo critane wong-wong sing wis tau mlebu pelataran omah iku. Aku mlebu menyang pelataran omah kuwi, aku uga krungu swarane bocah cilik nangis. Saking penasarane, aku nyuba mlebu menyang jerone omah kuwi. Ing sajeroning omah, rasane ana sing nyeluk-nyeluk jenengku. “Ardi...Ardi...Ardi.” Swarane nggarai aku wedi dhewe, nanging aku tetep mlaku bareng Mbah Sastro sing wiwit mau bareng aku. Sawise mlaku keliling omah, aku lan Mbah Sastro nemu andha nang lantai isor omah kuwi.

Aku lan Mbah Sastro mlaku mudun saka lantai 1. Ing bawah tanah omah kuwi peteng banget. Nanging aku nggawa senter sing bisa nerangi dalanku lan Mbah Sastro. Ing lantai kuwi, aku lan Mbah Sastro nemu mayit bocah cilik. Aku lan Mbah Sastro langsung metu lan njaluk tulung warga. Mayit iku banjur ditokaken saka omah kuwi lan dikubur sing genah. Wiwit kedadean iku, ora ana swara bocah ngguyu maneh yen ana sing mlebu pelataran omah iku.



Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Terima kasih telah membaca. Sampai jumpa minggu depan!


Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse