SNS TH

Cerkak 27: Kancaku Nahya
(SNS/82715632/2017)

Aku nduwe kanca jenenge Nahya Fariski, dheweke biasaane diceluk Nahya. Nahya iku areke apikan nang kabeh kancane, dheweke ora bakal iso nglarani lan nukari kancane. Aku karo Nahya kancaan apik, saben ing sekolah aku mesti dolan karo Nahya. Kadang crita-crita, kadang ya nang kantin bareng. Nahya iku salah sijine kanca sing apik banget nang aku.

Dina wingi, aku nemoni Nahya ing kelase. Dheweke moro mesem lan kanda yen dheweke nduweni lara Anemia. Sakiki penyakite kuwi nyebabake dheweke kudu cuci darah saben seminggi pisan amarga ana bibit kanker ing darahe Nahya. Aku sing krungu iku langsung nutup lambene Nahya supaya aja cerita maneh. Aku banjur ngerangkul dheweke lan ngomong supaya dheweke tetep semangat ngadepi penyakite.

Wiwit dina iku, saben ketemu Nahya rasane aku kepingin nangis, nanging aku ora kepingin ndelok Nahya nangis pisan. Aku kudu bisa dadi penyemangate Nahya. Aku kepingin ndelok Nahya ora lara-laraan kaya ngene. Nahya iku wes takanggep kaya adhiku dhewe, aku ora gelem ngrasakake kelangan kanca sing bener-bener apik marang aku. Aku bakal ndukung lan nyemangati Nahya.

Aku lan Nahya wis nglakoni dina-dina kaya biasane. Sakiki wes ana 3 wulan Nahya lara, akeh perkembangan ing penyakite Nahya. Sesok Nahya bakalan tes nang dokter, ngecek keadaan kanker ing darahe Nahya. Aku bener-bener ora sabar ngenteni dina sesuk. Aku terus ndunga supaya mene hasile nglegakaken ati. Nahya mung bisa mesem lan nggeleng-nggelengna sirahe nguwasna tingkahku sing bingung karo dheweke.

10.45, aku, Nahya lan bundane Nahya wis ana ing ngarepe ruang lab ngenteni hasil tese Nahya metu. Bingung lan wedi, iku sing dakrasake lan bundane Nahya. Khawatir karo hasil tese Nahya, aku ora melu mlebu njupuk. Ana sakjam aku ngenteni ing ngarepe lawang, akhire Nahya metu lan ngerangkul aku. Aku sing isih bingung lan wedi lansung nangis ing rangkulane Nahya. Nahya banjur mbisikake aku yen wes ora ana bibit kanker ing darahe Nahya.

Tamat



Cerkak 28: 17-an
(TH/82815651/2017)

Ora krasa yen negara iki wes 72 taun merdeka. Dina Kamis tiba Hari Kemerdekaan RI. Aku menyangsekolah kanggo upacara. Sawise upacara, aku lan kanca-kanca mulih menyang omah dhewe-dhewe. Sawise tekan omah, dheweke pada nyiapake kanggo acara bazar dina Jum’at mene, lan persiapan kanggo lomba-lomba.

Dina Jumat iki aku lan kanca-kanca kelas padakerja kanggo nyiapake bazar. Aku lan kanca-kanca siap-siap kanggo lomba. Lomba sing ana ing sekolahku iku ana akeh, yaiku tarik tambang, nyekel welut, tempeh joged, lan balap kelereng. Aku, Zidan, Faza, Nanda, lan Gumilang melu lomba tarik tambang. Sanajan Abid melu lomba balap kelereng lan tempeh joged. Udakara jam 11, aku lan kanca-kanca lomba tarik tambang.

Tapi akhire dheweke kalah amarga ora kuat.

Masio dheweke ora bisa menang ing lomba tarik tambang, dheweke bisa menang ing lomba liyane, yaiku lomba tempeh goyang lan tarik tambang wadon. Saliyane iku, bazar gawean kelasku sanajan entek kabeh pada dituku. Dina iki dheweke seneng banget amarga isih bisa mengeti dina kemerdikaan Negara. Sawise acara dheweke banjur mulih, istirahat, kango persiapan acara ulang taun sekolah dina Sabtu.



Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Jangan lupa baca
 17-an kok malah Kesasar!

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Old Dreams Never Die

Chapter 3

Time of Lunar Eclipse