Lena, Wijaya, Adi, Maulana, Anggun, Zen, Nina, lan Riski

Urip Ing Desa

(NNJ/82115596/2017)

Liburan sekolah iki Lena karo keluargane, yaiku bapake, ibuke lan Adi (adhike) plesir menyang omahe Simbah ing Desa Sekarkuning. Lena lan keluargane budhal watara jam 5 isuk lan teka watara jam 9 isuk.

Sawise teka, Lena lan keluargane langsung salim karo Simbah. Sarampunge salim, dheweke langsung adus lan turu sampe jam 11. Sabanjure iku, Leni lan Adi dolanan karo dulur misanane (sepupu), Anggun lan Nina. Bocah-bocah kuwi mlaku saubenge dusa. 

“Nggun, ning kene apa jarang kendaraan liwat?” takone Lina. 

“Iya mbak. Amarga kuwi lingkungan ning kene isih asri,” jawabe Anggun. 

Pancen lingkungan ing desa kuwi asri banget. Banyu kaline isih jernih lan akeh iwak sing uripmengkono. Sawahe akeh banget ing kana, amarga rata-rata wargane dadi petani.

UID

Sawise mlaku-mlaku, Lena, Adi, Anggun, lan Nina dolana ing latare omah karo ngaso. Wektu istirahat, Adi lan Nina tukar padu amarga Adi njupuk bonekane Nina. 

“Mas, balekno bonekaku!” bengoke Nina. 

Adi malah mlayu, mangkono Nina ngetuti. Ora suwi Adi tiba, dengkule babras, bonekae ucul saka tangane lansung dijupuk karo Nina. Adi wes mbrabak atene nagis. 

“Aduh, larane!” rintihe Adi. 

“Kenaapa mas, kok bisa tiba?” takoke Nina. 

“Lho, awakmu kok bisa tiba kenapa?” takone Lena. 

“Niku mbak, aku mau mlayu, moro kesandung watu, banjur tiba,” jawabe Adi. 

“Mangkono, aja nakal-nakal dadi bocah,” jare Anggun. 

“Iya, Nggun,” jare Adi. 

Adi langsung digawa nang njero omah lan diobati, dengkule diperban.

UID

Sesuke Lena lan Nina mlaku-mlaku watara jam 6 esuk. Kahanan ning kana hawane adhem, wong-wonge ramah lan apikan, seneng tetulung marang siji lan liyane. Urip ing desa pancen enak. Adi lan Anggun nyusul Lena lan Nina. 

“Nina, aku njaluk sepura, ya. Gara-gara aku, awakmu dadi mangkel ning aku,” omonge Adi. 

“Iya, mas. Aku yo njaluk sepura. Sakjane aku ra usah melu mlayu supaya sampeyan ora tiba,” jawabe Nina. 

Bocah loro iku langsung apikan marang siji lan liyane maneh. Iku nambah penake urip ing desa. Kayata ana sing tukaran pasti langsung apikan meneh.


Jujur

(NMN/82215597/2017)

Ing dina Senin, 21 Agustus, kelas 8B ana pelajaran PJOK, materine bal basket, ing jam ke-3 lan 4. Arek-arek kesel, tapi seneng. Bel istirahat muni. Wijaya lan kanca-kancane langsung nang Pujasera (kantin) amarga keluen. Isuk-isuk wes kesel amarga wes upacara bendera lan olahraga.

Sampek nang Pujasera, Wijaya takon nang kanca-kancane. 

“He, rek. Koen tuku apa?” Maulana, Zen, lan Riski arep tuku mie pangsit. Akhire Wijaya lan kanca-kancane tuku mie pangsit. 

Kabeh mbayar, termasuk Wijaya. Nanging pas arep mbayar, bu seng dodol mie pangsit ora gelem nerima duwite Wijaya amarga duwite gedhe. 

“Aduh, nak. Ora ana duwit cilik, ta?” Wijaya nggeleng. 

“Sepurane, Bu. Mboten wonten.” 

“Ya wes. Ngkok ae, ya,” jawabe ibu kantin sing sibuk ngedoli arek-arek liyane. 

Arek papat kuwi nggolek pangonan lungguh lan mangan bareng.

@

Wijaya entek disikan.

“Rek, koen kesuwen. Aku mbalekno disikkan, ya.” Pas mbalekno, moro-moro areke kepikiran sesuatu. 

“Niki, bu. Kalawau kula susuknipun dereng dibalekno,” jare Wijaya. 

“Oh iya nak, susuke pira?” jare Bu kantin sik rada sibuk ngedoli. 

“Rp 15.000,- bu.” Akhire Wijaya intuk susuk lan langsung mbalek nang kanca-kancane. 

Wijaya seneng amarga de’e mangan gratis entuk duwit pisan. Nanging de’e merasa bersalah. Sawise iku, Wijaya lan kanca-kancane mlebu nang kelas.

@

Menene, dina Selasa. Pas IMTAQ ana tausiyah tentang panganan lan ombe sing haram. Salah sijine panganan sing cara entuke nganggo cara sing haram, yaiku nyolong. Wijaya atine ora penak, de’e merasa bersalah

“Rek. Engkok terna aku nang Pujasera, nang ibu sing ngedol mie pangsit,” jare Wijaya. 

“Lho, apa’a?” jare Zen. Wijaya nyeritakno kedadeyan wingi nang kanca-kancane. 

“Oalah... ojok ngono maneh. Iyo wes, engkok awake ngewangi,” jare Maulana.

@

Istirahat, Wijaya lansung nang Pujasera nemoni ibu sing dodol mie pangsit bareng kanca-kancane. Wijaya ngenteni sampek rada sepi pas wes ate mlebu. 

“Kulanuwun, Bu. Kula badhe ngomong sesuatu,” jare Wijaya gugup. 

“Bu, nyuwun pangapunten. Wingi kula dereng mbayar pangsit, nanging kula malah ngaku-ngaku njaluk susuk. Niki kula balekna.” Wijaya menehi duit Rp 20.000,- nang ibu kantin. 

“Owalah, nak. Saiki kula maafna, nanging aja dibaleni maneh, yo,” jare Bu kantin. 

Wijaya seneng. Wiwit kedadean iku, Wijaya dadi arek sing jujur.



Sekian crita dari saya. Mohon maaf bila banyak kesalahan. Jika ada, mohon diingatkan kepada saya.

Jangan lupa buka
 Bocah Enom Dolanan Sepedhah

Komentar

Selanjutnya

Chapter 21

Osananajimi no Imouto no Kateikyoushi wo Hajimetara Soen Datta Osananajimi ga Kowai

Chapter 24